14.8.10

Kasusastraan Gendhing

Gendhing yaiku lelagoning gamelan, juru gawe gamelan. Kasusastraan gendhing, yaiku kasusastraan kang gegayutan karo lelagoning gamelan. Dene andharane kaya ngisor iki:

1. Cakepan
Cakepan yaiku apalan utawa unen unen kanggo ing tembang, gerongan, sindhenan, suluk ing padhalangan lan sabangsane.

2. Bawa
Bawa yaiku tembang kang kanggo mbukani gending. lumrahe awujud tembang gedhe utawa tembang tengahan, nanging ing jaman saiki ana sawetara tembang macapat kang kanggo bawa

3. Buka
Buka yaikutetabuhan kang kanggo mbukani gendhing. kang ditabuh mung salah sijine ricikan gamelan, yaiku rebab, gender, bonang utawa kendhang. Dadi bedane manawa mbuka gendhing nganggo tembang diarani bawa, manawa nganggo gamelan diarani buka.

4. Gerong
Gerong yaiku tembang kang ditembangake bareng karo swarane pradangga. lagu sarta iramane padha karo lagune pradangga, mung yen ana perlune(supaya luwes) rada beda sethithik. lumrahe sing gerong luwih saka sij, swarane kudu rempeg utawa bareng.

5. Sindhen
Shndenan iku uga tetembangan mbarengi swarane pradangga. sing nembang mung siji, lumrahe wanita sing diarani pasindhen utawa waranggana. Lagune luwih mardika katimbang gerong, nanging isih kaiket dening lagune tetabuhan gamelan (karawitan). Manawa swarane pradangga dibarengi sindhenan lan gerongan rasane banjur wuwuh gayeng nengsemake.

6. Laras
Laras yaiku swara thingthingane gamelan. Ana warna loro yaiku Laras slendro lan laras pelog

7. Titi laras
Titi laras yaiku araning swara thingthngane wilahan gamelan. Ana layang layang gendhing, titi laras iku ditulis mawa lambang angka.
Laras slendro    
  • 1 : barang
  • 2 : Gulu
  • 3 : Dhadha
  • 5 : Lima
  • 6 : Nenem
Laras Pelog   
  • 1 : Penunggul
  • 2 : Gulu
  • 3 : Dhadha
  • 4 : Pelog
  • 5 : Lima
  • 6 : Nenem
  • 7 : Barang

8. Pathet
Pathet yaiku dhasar undha usuke swara ing karawitan (tetebuhan gamelan)
a. Laras slendro pathete ana warna telu:
    1. Pathet Nenem, andhedhasar swara wlahan gulu
    2. Pathet sanga, andhedhasar swara wilahan lima
    3. Pathet manyura, andhedhasar wilahan nenem
b. Laras pelog pathete uga ono telung warna
    1. pathet lima, andhedhasar swara wilahan panunggul
    2. pathet nem utawa pathet bem, andhedhasar swara wilahan lima
    3. Pathet barang, andhedhasar swara wilahan gulu

Kang mesti migunakake pathet iku karawitan ing pagelaran wayang. Wayangan sawengi suwene 9 jam, wiwit jam 21(jejer), nganti jam 6(tancep kayon)
1. Pathet nem, kanggo watara jam 21 - 12
2. Pathet sanga, kanggo watara jan 12 - 3
3. Pathet manyura, kanggo watara jam 3 - 6

9. Irama
Irama yaiku ukuran rikat rindhiking panabuhe gamelan. Ana warna loro, yaiku:
1. Irama lamba utawa irama lancaran, uga sok diarani irama siji, irama rikat
2. Irama rangkep utawa irama wilet, irama alon

10. Cengkok
Cengkok yaiku luking swara nalka nglagokake tembang. Gunane kanggo ngluwesake lagune tembang, mulane cengkok iku bisa warna warna. sanajan cengkoke warna warna, nanging laras lan pathet panggah padha.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar