30.8.10

The journey....

Al Kafi meriwayatkan dari Imam Shadiq yang berkata, 'Tuntutlah ilmu dan berhiaslah dengan ilmu bersama kesabaran dan ketetapan hati. bertawadulah kepada orang yang mengajarimu ilmu dan bertawadulah kepada orang yang belajar ilmu kepadamu, dan janganlah menjadi ulama sewenang-wenang sehingga kebatilanmu melenyapkan kebenaranmu'










Rasanya memang sudah seharusnya guru dan murid menjadi orang yang saling tawadu, sehingga murid akan mudah menerima ilmu dan guru akan mudah menyampaikan ilmu.....

Ya Allah, berikanlah daku kekuatan agar bisa tawadu terhadap Guruku, terhadap siapa saja yang memberi pelajaran kepadaku, serta beri juga kekuatan kepada ku agar bisa bertawadu kepada murid muridku, serta jadikan murid muridku senantiasa bertawadu kepada guru guru mereka. dan jadikan kami menjadi insan yang selalu memperhatikan perasaan orang lain, agar kami jauh dari sewenang wenang. AMIN

24.8.10

ATER - ATER

Ater-ater yaiku sarana kanggo ngrimbag tembung awujud wuwuhan manggon rumaket ng sangarepe tembung sing dirimbag.
Ater ater kena digolongake
1. Ater ater : a
2. ater ater anuswara
3. ater ater - dak kok di
4. ater ater ka ke
5. ater ater sa, pa, pi, pra, tar, kuma, kami, kapi, pari


Ater ater - a
Tumraping basa jawa jaman saiki, tembung wod kang karaketan ater ater a banjur mandeg dadi tembung lingga
kaya umpamane :     a + dus dadi adus
        a + bur dadi abur
        a + jur dadi ajur

Dene yen diraketake ing tembung lingga ater ater a mau banjur dibuwang(ora diucapake). mung ing layang layang sing minggunakake basa sing rinengga sok isih dilugokake ( diucakake)
kaya upamane    a + laku dadi malaku
                          a + umpat dadi malumpat
                          a + guru dadi maguru

Tegese ater-ater a
Ater ater a duwe teges kaya dene awalan ber ing basa Indonesia. Luwih gamblang mangkene
1. Kadunungan sipat utawa duwe sipat. kayata : atos, ajur, adoh
2. Duwe utawa nggango apa-apa sing kasebut ing linggane
kayata:     akembang putih = duwe kembang putih
                asikil papat = duwe sikil papat
                aklambi bathik = nganggo klambi bathik
3. Obah, tumandang gawe
kayata: adus, adang, asok, molah


Ater ater anuswara
Ater-ater anuswara iku sejatine asale saka ater ater a mawa nasal. Wujude : n-, ng-, ny-, m-
Dene panggonane
n- karaketake ing tembung-tembung kang apurwa aksara : t, th, d, dh
tuladha:    n + tuku dadi nuku
               n + thuthuk dadi nuthuk
ng- karaketake ing tembung tembung kang apurwa aksara : a, i, u, e, o, k, g, r, l, y
tuladha :    ng + aku dadi ngaku
                ng + idak dadi ngidak
ny- karaketake ing tembung tembung kang apurwa aksara j, c, s
tuladha:    ny + cancang dadi nyancang
               ny + sabet dadi nyabet
m- karaketake ing tembung tembung kang apurwa aksara b, p, w
tuladha:     m + bacok dadi mbacok
                 m + pikir dadi mikir

Tegese ater-ater anuswara
ater-ater anuswara duwe teges kaya dene: awalan ber ing basa Indonesia, yaiku mraktekake bab panindak (= Karya, kriya)
Tembung Lingga sing oleh ater ater anuswara diarani Tembung tanduk



Ater ater dak kok di  (uga diarani ater ater tripurusa)
Ater ater dak kok di iku panggonane kaya dadi sesulihing purusa aku, kowe, lan dheweke (purusa I, purusa II, Purusa III)
Tuladha:    dak + waca dadi dakwoco
    ko + waca dadi kowoco
    di + waca dadi diwaca
ater ater dak dijenengake ater ater utama purusa
ater ater ko dijenengake ater ataer madyama purusa
ater ater di dijenengake ater ater pratama purusa

tembung tembung kang oleh ater ater tripurusa diarani tembung tanggap tripurusa. tembung tanggap tripurusa kena kaperang dadi telu, yaiku:
a. tanggap utama purusa
tuladha : daktulis, dakgambar, dakpulas
b. tanggap madyama purusa
tuladha : kotulis, kogambar, kopulas
c. tanggap pratama purusa
tuladha : ditulis, digambar, dipulas


Ater ater ka ke
Ater ater ka
ater ater ka ngemu teges kaya dene ater ater di: mulane tembung tembung sing diraketi ater ater ka mau uga diarani tembung kriya tanggap, dijenengake : tembung tanggap ka, kaya upamane : kawaca, katulis, kagawa.
Ing basa tulis lan basa krama, lumrahe ater ater ka mau luwih kerep kanggone tinimbang ater ater di. kang mangkono mau awit tumraping pangrungu luwih bregas.

ater ater ke
Tembung sing diraketake ater ater ke diarani tembung bawa, dijenegake bawa ka, ngemu teges ora dijarag(ora disengaja).
Tuladha : kesandung, kepacul, kethuthuk
Ana sawentara tembung tembung tanggap ka kang wis ora krasa kriyane, nanging wis dadi tembung kahanan, lan wis kagolong tembung bawa ka. kaya upamane : katon, kalong, kobongan.



Ater Ater sa, pa, pi, pra, tar, kua, kami, kapi, pari
a. ater ater sa
tembung kang diraketi ater ater sa, banjur duwe kadunungan teges:
1. Siji utawa nunggal, kayata:
    seket     : siji eket
    sahektar    : siji hektar
2. Kabeh, kayata:
    wong sadesa : wong desa iku kabeh
    sakamar      : isine kamar kabeh
3. Sabarang, kayata
    sasolahe    : sabarang solahe
    sakarepe    : sabarang karepe
4. Padha karo, kayata
    sagunung anakan : podo karo gunung anakan
    salumbung bandhung : podo karo lumbung bandhung
5. karo utawa dalah, kayata:
    cangkir sacawane : cangkir karo cawane
    sepatu sakaose : sepatu karo kaose
6. nganti, kayata:
    sakesele : nganti kesel
    sabosene : nganti bosen
7. Sawise utawa bareng wis, kayata:
    satekane : sawise teka
    saulihe : sawise mulih
8. Saben siji, kayata
    Sasasine    : saben siji sasi
    sakilone    : saben siji kilo
9. Waton utawa angger, kayata
    sabisane : waton bisa
    samathuke : waton mathuk


Ater ater pa pi
1. Ater ater pa
Tembung tembung kang rinaketan ater taer pa banjur dadi tembung aran
kayata : panegar, padang, panggon, pangarep.
2. Ater ater pi
Tembung tembung kang rinaketan ater taer pi, sing akeh akeh uga banjur dadi tembung aran, mung bae tumraping rasa pangrasa luwih alus utawa luwih bregas katimbang karo sing oleh ater ater pa. kaya upamane:
pinuju - luwih bregas tinimbang panuju
pitulung - luwih bregas tinimbang patulung



Ater-ater pra
Ater ater pra ora ngowahi tegese tembung sing diraketi. Dene gunane mung kanggo nambahi luwes utawa bregas. Takecapane sok owah dadi pra, pre, pri, utawa per. Kaya upamane:
Pradata sok diucapake predata utawa perdata
prayayi diucapake priyayi


Ater Ater Tar
ater ater tar gunane mung kanggo rerengan, dad ora ngowahi surasane tembung sing diraketi
kaya upamane: tarbuka, tartamtu, tarkadhang


Ater ater kuma, kami, kapi
Ater ater kuma, kami, kapi sing akeh akeh ngemu surasa:  mbangetake, ambek, penganggep, seneng. kaya upamane
Kumalancang: lancang banget
kapilare : duwe ambek kaya lare


Ater ater pari
Ater ater pari gunane kanggo mbangetake surasane tembung sing diraketi. Kaya upamane:
parikudu : kudu banget
paripurna : purna banget, rampung kanti sampurna

19.8.10

CANGKRIMAN

Cangkriman yaiku unen unen kang kudu dibatang utawa di dibedhek. mulane ugo sok diarani batangan utawa bedhekan

Cangkriman kang awujud tembung wancahan
tuladha:
Pakboletus : tipak kebo ono lelene satus
Segara mbeldhes : sego pera sambel pedhes

Cangkriman ngemu surasa blenderan
tuladha :
Kucing endhase ireng : maling
ketiban bogem mentah : ketiban jotos

Cangkriman ngemu surasa pepindahan utawa irib iriban.
Tuladha:
Pitik walik saba kebon : nanas
Sega sakepel dirubungi tinggi : salak

Cangkriman sinawung tembang
tuladha:
Pangkur
Batangen cangkrimaningwang
tulung-tulung wit gedhang awoh gori
ana pitik ndase telu,
si buta nunggang grobag
Kyai dhalang yen mati datan pinikul
ana belo melu suran
selawe sungute gangsir

14.8.10

Kasusastraan Gendhing

Gendhing yaiku lelagoning gamelan, juru gawe gamelan. Kasusastraan gendhing, yaiku kasusastraan kang gegayutan karo lelagoning gamelan. Dene andharane kaya ngisor iki:

1. Cakepan
Cakepan yaiku apalan utawa unen unen kanggo ing tembang, gerongan, sindhenan, suluk ing padhalangan lan sabangsane.

2. Bawa
Bawa yaiku tembang kang kanggo mbukani gending. lumrahe awujud tembang gedhe utawa tembang tengahan, nanging ing jaman saiki ana sawetara tembang macapat kang kanggo bawa

3. Buka
Buka yaikutetabuhan kang kanggo mbukani gendhing. kang ditabuh mung salah sijine ricikan gamelan, yaiku rebab, gender, bonang utawa kendhang. Dadi bedane manawa mbuka gendhing nganggo tembang diarani bawa, manawa nganggo gamelan diarani buka.

4. Gerong
Gerong yaiku tembang kang ditembangake bareng karo swarane pradangga. lagu sarta iramane padha karo lagune pradangga, mung yen ana perlune(supaya luwes) rada beda sethithik. lumrahe sing gerong luwih saka sij, swarane kudu rempeg utawa bareng.

5. Sindhen
Shndenan iku uga tetembangan mbarengi swarane pradangga. sing nembang mung siji, lumrahe wanita sing diarani pasindhen utawa waranggana. Lagune luwih mardika katimbang gerong, nanging isih kaiket dening lagune tetabuhan gamelan (karawitan). Manawa swarane pradangga dibarengi sindhenan lan gerongan rasane banjur wuwuh gayeng nengsemake.

6. Laras
Laras yaiku swara thingthingane gamelan. Ana warna loro yaiku Laras slendro lan laras pelog

7. Titi laras
Titi laras yaiku araning swara thingthngane wilahan gamelan. Ana layang layang gendhing, titi laras iku ditulis mawa lambang angka.
Laras slendro    
  • 1 : barang
  • 2 : Gulu
  • 3 : Dhadha
  • 5 : Lima
  • 6 : Nenem
Laras Pelog   
  • 1 : Penunggul
  • 2 : Gulu
  • 3 : Dhadha
  • 4 : Pelog
  • 5 : Lima
  • 6 : Nenem
  • 7 : Barang

8. Pathet
Pathet yaiku dhasar undha usuke swara ing karawitan (tetebuhan gamelan)
a. Laras slendro pathete ana warna telu:
    1. Pathet Nenem, andhedhasar swara wlahan gulu
    2. Pathet sanga, andhedhasar swara wilahan lima
    3. Pathet manyura, andhedhasar wilahan nenem
b. Laras pelog pathete uga ono telung warna
    1. pathet lima, andhedhasar swara wilahan panunggul
    2. pathet nem utawa pathet bem, andhedhasar swara wilahan lima
    3. Pathet barang, andhedhasar swara wilahan gulu

Kang mesti migunakake pathet iku karawitan ing pagelaran wayang. Wayangan sawengi suwene 9 jam, wiwit jam 21(jejer), nganti jam 6(tancep kayon)
1. Pathet nem, kanggo watara jam 21 - 12
2. Pathet sanga, kanggo watara jan 12 - 3
3. Pathet manyura, kanggo watara jam 3 - 6

9. Irama
Irama yaiku ukuran rikat rindhiking panabuhe gamelan. Ana warna loro, yaiku:
1. Irama lamba utawa irama lancaran, uga sok diarani irama siji, irama rikat
2. Irama rangkep utawa irama wilet, irama alon

10. Cengkok
Cengkok yaiku luking swara nalka nglagokake tembang. Gunane kanggo ngluwesake lagune tembang, mulane cengkok iku bisa warna warna. sanajan cengkoke warna warna, nanging laras lan pathet panggah padha.

6.8.10

ADAPTASI IKAN LAUT DAN IKAN TAWAR

Cara beradaptasi ikan yang hidup di air tawar berbeda dengan ikan yang hidup di air laut. berikut ini adalah perbedaannya:

Ikan air laut
Ikan air laut minum terus menerus air. Hal ini karena penguapan air dilakukan dengan osmosis.
Urin yang dikeluarka juga sedikit
Garam garam dieksresikan secara aktif melalui insang

Ikan air tawar
Ikan tidak pernah minum air. Pengambilan air ddengan osmosi
Mengeluarkan banyak urine
Garam garam diabsorbsi melalui insang.