Ater-ater yaiku sarana kanggo ngrimbag tembung awujud wuwuhan manggon rumaket ng sangarepe tembung sing dirimbag.
Ater ater kena digolongake
1. Ater ater : a
2. ater ater anuswara
3. ater ater - dak kok di
4. ater ater ka ke
5. ater ater sa, pa, pi, pra, tar, kuma, kami, kapi, pari
Ater ater - a
Tumraping basa jawa jaman saiki, tembung wod kang karaketan ater ater a banjur mandeg dadi tembung lingga
kaya umpamane : a + dus dadi adus
a + bur dadi abur
a + jur dadi ajur
Dene yen diraketake ing tembung lingga ater ater a mau banjur dibuwang(ora diucapake). mung ing layang layang sing minggunakake basa sing rinengga sok isih dilugokake ( diucakake)
kaya upamane a + laku dadi malaku
a + umpat dadi malumpat
a + guru dadi maguru
Tegese ater-ater a
Ater ater a duwe teges kaya dene awalan ber ing basa Indonesia. Luwih gamblang mangkene
1. Kadunungan sipat utawa duwe sipat. kayata : atos, ajur, adoh
2. Duwe utawa nggango apa-apa sing kasebut ing linggane
kayata: akembang putih = duwe kembang putih
asikil papat = duwe sikil papat
aklambi bathik = nganggo klambi bathik
3. Obah, tumandang gawe
kayata: adus, adang, asok, molah
Ater ater anuswara
Ater-ater anuswara iku sejatine asale saka ater ater a mawa nasal. Wujude : n-, ng-, ny-, m-
Dene panggonane
n- karaketake ing tembung-tembung kang apurwa aksara : t, th, d, dh
tuladha: n + tuku dadi nuku
n + thuthuk dadi nuthuk
ng- karaketake ing tembung tembung kang apurwa aksara : a, i, u, e, o, k, g, r, l, y
tuladha : ng + aku dadi ngaku
ng + idak dadi ngidak
ny- karaketake ing tembung tembung kang apurwa aksara j, c, s
tuladha: ny + cancang dadi nyancang
ny + sabet dadi nyabet
m- karaketake ing tembung tembung kang apurwa aksara b, p, w
tuladha: m + bacok dadi mbacok
m + pikir dadi mikir
Tegese ater-ater anuswara
ater-ater anuswara duwe teges kaya dene: awalan ber ing basa Indonesia, yaiku mraktekake bab panindak (= Karya, kriya)
Tembung Lingga sing oleh ater ater anuswara diarani Tembung tanduk
Ater ater dak kok di (uga diarani ater ater tripurusa)
Ater ater dak kok di iku panggonane kaya dadi sesulihing purusa aku, kowe, lan dheweke (purusa I, purusa II, Purusa III)
Tuladha: dak + waca dadi dakwoco
ko + waca dadi kowoco
di + waca dadi diwaca
ater ater dak dijenengake ater ater utama purusa
ater ater ko dijenengake ater ataer madyama purusa
ater ater di dijenengake ater ater pratama purusa
tembung tembung kang oleh ater ater tripurusa diarani tembung tanggap tripurusa. tembung tanggap tripurusa kena kaperang dadi telu, yaiku:
a. tanggap utama purusa
tuladha : daktulis, dakgambar, dakpulas
b. tanggap madyama purusa
tuladha : kotulis, kogambar, kopulas
c. tanggap pratama purusa
tuladha : ditulis, digambar, dipulas
Ater ater ka ke
Ater ater ka
ater ater ka ngemu teges kaya dene ater ater di: mulane tembung tembung sing diraketi ater ater ka mau uga diarani tembung kriya tanggap, dijenengake : tembung tanggap ka, kaya upamane : kawaca, katulis, kagawa.
Ing basa tulis lan basa krama, lumrahe ater ater ka mau luwih kerep kanggone tinimbang ater ater di. kang mangkono mau awit tumraping pangrungu luwih bregas.
ater ater ke
Tembung sing diraketake ater ater ke diarani tembung bawa, dijenegake bawa ka, ngemu teges ora dijarag(ora disengaja).
Tuladha : kesandung, kepacul, kethuthuk
Ana sawentara tembung tembung tanggap ka kang wis ora krasa kriyane, nanging wis dadi tembung kahanan, lan wis kagolong tembung bawa ka. kaya upamane : katon, kalong, kobongan.
Ater Ater sa, pa, pi, pra, tar, kua, kami, kapi, pari
a. ater ater sa
tembung kang diraketi ater ater sa, banjur duwe kadunungan teges:
1. Siji utawa nunggal, kayata:
seket : siji eket
sahektar : siji hektar
2. Kabeh, kayata:
wong sadesa : wong desa iku kabeh
sakamar : isine kamar kabeh
3. Sabarang, kayata
sasolahe : sabarang solahe
sakarepe : sabarang karepe
4. Padha karo, kayata
sagunung anakan : podo karo gunung anakan
salumbung bandhung : podo karo lumbung bandhung
5. karo utawa dalah, kayata:
cangkir sacawane : cangkir karo cawane
sepatu sakaose : sepatu karo kaose
6. nganti, kayata:
sakesele : nganti kesel
sabosene : nganti bosen
7. Sawise utawa bareng wis, kayata:
satekane : sawise teka
saulihe : sawise mulih
8. Saben siji, kayata
Sasasine : saben siji sasi
sakilone : saben siji kilo
9. Waton utawa angger, kayata
sabisane : waton bisa
samathuke : waton mathuk
Ater ater pa pi
1. Ater ater pa
Tembung tembung kang rinaketan ater taer pa banjur dadi tembung aran
kayata : panegar, padang, panggon, pangarep.
2. Ater ater pi
Tembung tembung kang rinaketan ater taer pi, sing akeh akeh uga banjur dadi tembung aran, mung bae tumraping rasa pangrasa luwih alus utawa luwih bregas katimbang karo sing oleh ater ater pa. kaya upamane:
pinuju - luwih bregas tinimbang panuju
pitulung - luwih bregas tinimbang patulung
Ater-ater pra
Ater ater pra ora ngowahi tegese tembung sing diraketi. Dene gunane mung kanggo nambahi luwes utawa bregas. Takecapane sok owah dadi pra, pre, pri, utawa per. Kaya upamane:
Pradata sok diucapake predata utawa perdata
prayayi diucapake priyayi
Ater Ater Tar
ater ater tar gunane mung kanggo rerengan, dad ora ngowahi surasane tembung sing diraketi
kaya upamane: tarbuka, tartamtu, tarkadhang
Ater ater kuma, kami, kapi
Ater ater kuma, kami, kapi sing akeh akeh ngemu surasa: mbangetake, ambek, penganggep, seneng. kaya upamane
Kumalancang: lancang banget
kapilare : duwe ambek kaya lare
Ater ater pari
Ater ater pari gunane kanggo mbangetake surasane tembung sing diraketi. Kaya upamane:
parikudu : kudu banget
paripurna : purna banget, rampung kanti sampurna
Tidak ada komentar:
Posting Komentar